Kamis, Mei 13, 2010

Nasib Tambak Nang ngGresik
Senin, 25 Januari 10 - by : Sahlul Fuad
 Pasar Bandeng ngGresik pas Riyoyo wingi (1430 H), pas lelangan ono bandeng kawak abote sampe 10 kg. Sopo sing percoyo lek bandeng-bandeng kawak iku gak asli teko ngGresik? Sebab, ngGresik pancene nggone tambak bandeng.

Nek moco datae pemerintah ngGresik 2005, ono 22.278 wong petani tambak sak ngGresik, sing nduwe karo pendegone. Mbiyen, sekitar tahun 1863, jarene tambak sing paling ombo yo nang ngGresik. Nang ngGresike dewe ono tambak ombone 15.399 bau, terus Sidayu duwe 1.972 bau. Dadi, itungane ono tambak 17.371 bau, iku mbiyen, rek. Tahun 2006, tambak banyu asin ombone 19.000,89 Ha, tambak banyu towo ombone 9.672,96 Ha.

Lah, yaopo saiki nasibe tambak nang ngGresik saiki? Keepo? Piye? Jarene wong-wong sing nduwe tambak nang ngGresik isine ngresulo kabeh. Nang nDuduk, ngresulo. Nang Manyar, ngresulo. Nang mBungah. Nang Sedayu, ngresulo. Nang Ujung Pangkah karo nang Panceng, yo podo ae. Lek wong-wong iku ditako’i, “Yaopo hasile tambake, wak?” kiro-kiro lek njawabe bareng koyok nyanyian koor, “GAK ONO WETUNE!!!”

Hasile tambak terus mudun teko tahun nang tahun. Tahun 2005, tambak banyu asin hasile 25.043,73 ton, tahun 2006 dadi 12.311,50 ton. Tambak banyu towo tahun 2005 oleh hasil 11.079,53 ton, tahun 2006 mudun dadi 6.845,80 ton. Akeh iklan tambak nggGresik didol murah.

Terus, opo masalahe kok iso gak ono wetune, hasile terus mudun? Yo, embuh, cak. Kok iso embuh, piye? Mosok gak ono sing ngurusi, rek. Opo pemerintahan ngGresik gak ngurusi tambak blas, ta? Yo gak masuk utek, rek. Wong petanie ae sakmono akehe, opo mane wong-wong sing diuripi teko tambake. Mestine yo pemerintahan ngGresik ngurusi. Nek nontok data-data rencanae pemerintah sih gak ketok ngurusi tambak.

Lah, iki. Pemerintah ngGresik iki gak ngerti kondisi wargae opo gak ngerti tugase? Iki urusan wetenge warga, rek. Tambak iku isine pajek tok, lho. Saiki tanahe kenek pajak bumi, tuku bibit kenek pajek, tuku pakan kenek pajek, dodolan kenek pajek. Terus duite digawe mbayari pemerintah gawe mbayar pegawai kabupaten, listrike kabupaten, karo liyo-liyone, iku durung termasuk sing ditilep.

Mari ngene, arep pemilu. Mestine kandidat-kandidat iki yo ngomong perkoro tambak. Rencanae yaopo supoyo wong tambak iki gak ngresulo terus. Urusan pendidikan wis gak usah dibahas mane. Sing jelas pendidikan paling penting. Pemerintah wajib ngganggarno luweh teko 20 persen APBD. Iku urusan UUD 1945, dudu kampanye. Nek sik kampanye urusan pendidikan, goblok wong iku. Asli bodoh tela-telo wong sing kampanye pendidikan. Ojo pilih wong sing mbujuki, alias wong sing kampanye urusan pendidikan.
:: Sahlul Fuad Website :: : http://sahlulfuad.6te.net
Versi Online : http://sahlulfuad.6te.net/?pilih=news&aksi=lihat&id=83

1 komentar:

mumtazshop mengatakan...

tambak adalaha mata pencaharian warga gresik,para pemimpin kudu merhatiin itu

9:51 AM